Mugiyo Bapak taksih emut sekar Dandang Gulo
DANDANG GULO [1]
Duh Pak Harto pudyaning wak mami
Yuswo diko aneng alam podo
Mung berjuwang sak lawase
Wondene akhiripun Mboten wonten ingkang ngajeni
Senadyan mitro konco
Datan sami emut Sampun nampi kasaenan
Samyo nebih awit sami kraos ajrih
Dasar watak ingkang nistho
Wonten mitro ingkang ngandit wadi
Tansah nekad tumindak culiko
Amping-amping ing burine
Tumindak sumrawut
Tan ngetung tekane bilahi
Bareng wus titi mongso
Melu-melu tambuh
Malah lungo golek papan
Lari ngungsi ninggal lungo kang ngayomi
Dudu traping satriyo
Muhammad Soeharto ingkang kaji
Kulo king ngayogyo tansah donga
Mugo widodo akhire Gesang mulyo lestantun
Luwar saking kang samyo sirik
Pinanring raos sabar
Subur antukipun
Lan putro wayah sedoyo
Pikantukko nugrahaning sang hyang widhi
Dadyo wargo menggolo. (DTS)
[1] Dikutip langsung dari dalam sebuah buku berjudul “Empati di Tengah Badai: Kumpulan Surat Kepada Pak Harto 21 Mei – 31 Desember 1998”, (Jakarta: Kharisma, 1999), hal 626. Surat ini merupakan salah satu dari 1074 surat yang dikirim masyarakat Indonesia dari berbagai pelosok, bahkan luar negeri, antara tanggal 21 Mei – 31 Desember 1998, yang menyatakan simpati setelah mendengar Pak Harto mengundurkan diri. Surat-surat tersebut dikumpulkan dan dibukukan oleh Letkol Anton Tabah.