Tuhan Tidak Tidur

Malang, 21 Mei 1998

Serat mugi katur Bapak Soeharto

Ing Jakarta

TUHAN TIDAK TIDUR [1]

 

Pak Harto, dalem sedhih sanget ningali polah tingkahipun para kadang, rakyat Indonesia ingkang sami kabringas hawa nafsu. Pak Harto kersaa paring pangaksama dhumateng para warga ingkang sami murang tata tan ngertos ing dugo prayoga.

Lelantaran serat punika ugi, keparenga dalem ngaturaken gunging panuwun awit panjenengan sampun kerso mandhegani negeri Ian bangsa Indonesia ngantos Indonesia kawentar ing seindhenging jagad. Ing pundi-pundi wonten kemajuan ing babagan punapa kemawon. Matur sanget nuwun Pak Harto.

Bekti lan lelabetan panjenengan dhumateng Bumi Pertiwi kathaaah sanget. Dalem Ian warga Indonesia saged ngraosaken. Gusti Ingkang Murbeng Dumadi boten sare, Gusti pirsa punapa kemawon ingkang kalampahan ing alam donya, Gusti ugi pirsa punapa kemawon ingkang sampun panjenengan upayaaken murih mejenging nusa Ian bangsa Indonesia.

Pak Harto.

Gusti tansah paring pen gay oman dhumateng kawulanipun, langkung-Iangkung dhumateng Pak Harto ingkang sampun cetha agenging lelabetan panjenengan tumrap nusa Ian bangsa. Pramila, ageng sanget penyuwun dalem mugi Pak Harto tansah sabar Ian tatag ngawuningani kawontenan ing nusa lan bangsa wekdal punika.

Pak Harto, dalem kuciwa sanget mrangguli kawontenan Bumi Pertiwi kados makaten. Katah ingkang kuciwa manawi panjenengan lengser keprabon, amargi anggadhahi kapatayan wetah dhumateng kepemimpinan panjenengan.

Mugi tansah angayomi nusa Ian bangsa kita.

Wasana cekap seman ten atur dalam. Pak Harto, saking ketebihan dalem namung saged nyenyuwun dhumateng Gusti, mugi Pak Harto dalah putra wayah tansah linuberan ing sihing Gusti. (DTS)

Kairing sagunging pakurmatan

Lautentia Soegiharti B

Malang

[1]     Dikutip langsung dari dalam sebuah buku berjudul “Empati di Tengah Badai: Kumpulan Surat Kepada Pak Harto 21 Mei – 31 Desember 1998”, (Jakarta: Kharisma, 1999), hal 453. Surat ini merupakan salah satu dari 1074 surat  yang dikirim masyarakat Indonesia dari berbagai pelosok, bahkan luar negeri, antara tanggal 21 Mei – 31 Desember 1998, yang menyatakan simpati setelah mendengar Pak Harto mengundurkan diri. Surat-surat tersebut dikumpulkan dan dibukukan oleh Letkol Anton Tabah.

Kenapa tidak meninggalkan komentar?

Situs ini menggunakan Akismet untuk mengurangi spam. Pelajari bagaimana data komentar Anda diproses.