Banda Aceh, 9 Oktober 1998
Katur Ingkang Minulya H. M. Soeharto
ing ndalem
MENYAMPAIKAN RASA
PRIHATIN [1]
Assalamu’alaikum wr. wb.
Sembah bekti katur
Bapak Soeharto ingkang minulya, sesarengan serat punika dalem tansah winantu karaharjan. Ingkang dalem suwun Bapak dalah para sedherek ugi putra tuwin putu tansaho pikantuk rahamting Gusti Allah.
Bapak Soeharto ingkang minulya, dalem prihatos sanget dupi mulat paduka dipun siya-siya lan dipun ino kaliyan sebagian titah ingkang sampun kesupen dhumateng kabecikan.
Bapak kula suwun kanthi sanget paduka tetepa tabah, sabar ugi tawakal, sedaya menika Gusti Ingkang Maha Agung langkung uninga sedaya obah musiking bawono, Gusti Allah mboten sare, tartamtu paring berkah, inayah saha rahmat dhumateng paduka.
Bapak ingkang minulya, kula nyuwun diaging pangaksama, winanci paduka nampi musibah kula rakyat paduka mboten saged sabiyantu menapa-menapa, nanging Bapak kula tansah memuji dhateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung mugi-mugi paduka tansah yuwana ugi pikantuk rahmat berkah ugi kekiyatan lahir bathin, tutug anggen ngembani para putra dalah putu.
Bapak, mbrebes mili waspa kula nyawang kawontenan ingkang kados mekaten. Kula kedah kadoso pundi kula mboten mangertos, anamung pangkur guru kula ingkang dados pengetan kula ingkang Jarwanipun:
– Amenangi jaman edan, ewuh oyo ing pambudi
– Ora edan ora tanan, yen tan melu anglakoni
– Boya ketaman melik, kaliren wekasanipun
– Luwih beja kang eling Ian waspada.
Bapak Soeharto ingkang minulya, Bapak pandhita ingkang linuwih, mugi-mugi paduka tansah panjang yuswa, kula emut wejangan Hasta Brata, mugi-mugi paduka tansah yuwana, rahayu, jaya jaya wijayanti luputing samokolo.
Makaten Pak Harto, menawi wonten kirang dungkangipun atur kawula nyuwun diagung pangaksama. Nuwun mugi rahayu kang pinanggih.
Wassalamu’ alaikum wr. wb. (DTS)
Dalem Pribadi
Supriyono
Banda Aceh
[1] Dikutip langsung dari dalam sebuah buku berjudul “Empati di Tengah Badai: Kumpulan Surat Kepada Pak Harto 21 Mei – 31 Desember 1998”, (Jakarta: Kharisma, 1999), hal 820-821. Surat ini merupakan salah satu dari 1074 surat yang dikirim masyarakat Indonesia dari berbagai pelosok, bahkan luar negeri, antara tanggal 21 Mei – 31 Desember 1998, yang menyatakan simpati setelah mendengar Pak Harto menyatakan berhenti dari kursi Kepresidenan. Surat-surat tersebut dikumpulkan dan dibukukan oleh Letkol Anton Tabah.