Semoga diberi Kekuatan

Serat saha taklim

Panjenenganipun Bapak Soeharto

Jakarta

SEMOGA DIBERI KEKUATAN [1]

 

Nuwun,

Saderengipun nglairaken bundhelaning manah, keparengan kula ndherek nepangaken pribadi kula kados ing ngandhap :

Nama                    : Soeparman Adi winarto

Penggautan        : Pensiunan Kep. SMPN. Tumpang

Dedunung           : Tumpang Malang Jawi Wetan

Kula lair ing dusun Panyatan, Wates, Kulon Progo nalika 12 Mei 1925. Sesampunipun tamat HIS Wates th 1939, mlebet Sekolah Guru jaman Walandi ing Sala ngantos Jepang ngebroki Indonesia. Tamat SGL Sala th.1944.

Nalika taksih dados pelajar SGL Kl. 4, kula sakanca saben dinten Kemis dalu asring dipun timbali KGMN VII ing bale Prangwedanan sareng Ian para Guru SLGL. Petepangan kaliyan K. Gusti, K. Ratu Timur Ian Gusti Nurul. Ing Prangwedanan punika mirengaken sesorahipun para pinter, dene selajengipun dipun pungkasi andharanipun Ingkang Sinuwun KGMN VII. Awit saking punika kula taksih kengetan lelagonipun Pandu MN ingkang ungelipun :

Pare anom suci ing warni

Setunggal Mangkunegaran Pare anom kang kula pundhi

Muji luhur, luhur, luhur

Sasampunipun dados guru ing Plered – Panyatan – Lawang Gondanglegi.

Ngantang – Kepajen – Turen – Tumpang wekasanipun pensiun th 1985 sigeg.

Kantun-kantun punika kula mireng Ian ngraosaken kados pundi meh sadaya tiyang ing kutha-kutha ageng Indonesia sami ngemohi, nyelaki lan ndakwa warni-warni ingkang ngebyuki Bp. Soeharto dalah putra wayah, emperipun kados prahara egeng tumempuh saben dinten tanpa sangkan-sangkan.

Kula kabar pisan boten badhe tumut-tumut kathahing pitenah utawi panyakra bawa warni-warni. Jaman rumiyin tiyang mastani : Ondhank is weilds loon. Empahipun jagad tanpa terima kasih.

Awit saking punika kula namung ndongakaken Bp. Soeharto saputra wayah, mugi-mugi Gusti Allah paring kekiyatan Ian kesabaran sarta karampungan amrih sadaya ruwet rentenging negari saged enggal gangsar udar-udaranipun. Mugi-mugi.

Nuwun. (DTS)

Titimangsa Tumpang 12 Juni 1998

Kula Soeparman Adiwinarto

Malang – Jawa Timur

[1]     Dikutip langsung dari dalam sebuah buku berjudul “Empati di Tengah Badai: Kumpulan Surat Kepada Pak Harto 21 Mei – 31 Desember 1998”, (Jakarta: Kharisma, 1999), hal 1046-1047. Surat ini merupakan salah satu dari 1074 surat  yang dikirim masyarakat Indonesia dari berbagai pelosok, bahkan luar negeri, antara tanggal 21 Mei – 31 Desember 1998, yang menyatakan simpati setelah mendengar Pak Harto menyatakan berhenti dari kursi kepresidenan. Surat-surat tersebut dikumpulkan dan dibukukan oleh Letkol Anton Tabah.

Kenapa tidak meninggalkan komentar?

Situs ini menggunakan Akismet untuk mengurangi spam. Pelajari bagaimana data komentar Anda diproses.